Lirik lagu kijing miring
ayo mas, kijing miring
mas… kijing miring..
ngetan bali ngulon
apa sedyane kelakon
pring wulung dilancipi
nadyan wurung wis nyicipi
awan-awan jo mangan nangka, mangan duren digawe jamu
rabi prawan nyang ati lara, rabi sinden neng awak lemu
ayo mas, kijing miring
mas… kijing miring..
tembok ting celoneh,
jare kapok kok njaluk maneh
kathok ireng klambine ireng, sandale jepit kacamata
aku senegn kowe yo seneng, ra nduwe duit minggata kana
ana luwak nyolong srandal,
yen kurang penak diganjel bantal
tanjung perak akeh pedute,
krasa penak wegah ndudute
Tidak ada komentar:
Posting Komentar